Tuku Pithik


Mbah Gimo ganti haluan maneh saiki dhodholan pithik nang pasar ngelom. Brudin teko jange tuku pithik digawe tumpengan slametan.

“Mbah aku jange tuku pithik meduro, ono tah?” jare Brudin.
“Iki lho sing wulune abang. .” jare Mbah Gimo.

Mari ngono ambek Brudin pithike diangkat sampek njengking terus dibukak bokonge. Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Mbah Gimo nggondhok ndelok pithike diobok-obok bokonge.
“Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik njombang . .” jare Brudin ambek mbalekno pithike.
“Cobak sing putih iki . .” jare Mbah Gimo ambek nawakno pithik putih.

Mari ngono Brudin merikso maneh bokonge pithike. Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Mbah Gimo tambah mbedhodhok ndelok pithike diobok-obok bokonge.
”Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik solo .” jare Brudin.
Mbah Gimo nawakno maneh pithik klawu, tapi tetep gak cocok, tiwas brodhol kuabeh.
”Kon iku jange tuku utowo mek kepingin dulinan bokonge pithik !!!” Mbah Gimo wis gak iso nahan emosi.

“Iyo mbah, aku pingin tuku pithik sampeyan tapi durung ketemu sing pithik meduro . .” jare Brudin.
“Iki lho pithikku sing kari dhewe .” jare Mbah Gimo ambek nawakno pithik ireng.

Mari merikso bokonge pithik ireng Brudin puas.”Lha yo iki pithik meduro .Piro regone mbah ? jare Brudin.
“Satus ewu !!!” jare Mbah Gimo ambek ngamuk padahal biasane regone mek rong puluh ewu. Brudin wis gak wani ngenyang blas, langsung dibayar satus ewu.

“Mbah, sampeyan kok ngamukan se ?? Sakjane sampeyan asline wong endhi ?” jare Brudin.
"Aku asli wong jerman !!” jare Mbah Gimo.

“Wok ! Rupamu mbah, gak mungkin !” jare Brudin.
“Lek gak percoyo dheloken dhewe . .” jare Mbah Gimo ngangkat bokonge.
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati