Sepuluh Ewu


Mbah Karis ngejak ojobe, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter Limbadi.
"Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso." takok dokter Limbadi.
"Ngene lho dok, umurku iki wis 65 lha bojoku iki wis kewut pisan umure 60. Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok manten anyar ?" takok Mbah Karis ambek isin-isin.
"Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. " jare Limbadi.
"Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek bojoku diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek bojoku nang kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo onok opo-opo." Jare Mbah Karis.

Batine Limbadi, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh koyok ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Mbah Karis dituruti, mari jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha Limbadi ngenteni jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.
Mari oleh rong ronde, Mbah Karis ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.

"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Mbah Karis.
Ambek Limbadi jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat. "Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Mbah Karis.
"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Limbadi.
Mari ngono wong loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Limbadi. Persis koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Limbadi yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter.
Mari oleh rong ronde, Mbah Karis ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu. "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Mbah Karis.
Ambek Limbadi jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat. "Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Mbah Karis.
"Sepuluh ewu ae, koyok biasane." Jare Limbadi.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Limbadi. Persis koyok seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Limbadi wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.
Mari oleh rong ronde, Mbah Karis ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu. "Yok opo dok, aman ae tah?" takok Mbah Karis.
Ambek Limbadi jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat. "Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Mbah Karis.
"Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi sampeyan main. Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down." Limbadi mulai purik.
"Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo, Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan. Gak onok sewa kamar sing ngisore sepuluh ewu."
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati