Rayuan Cowok


Iki ceritone onok arek lanang karo arek wedok sing ketemu nang TP. Arek lanang sing jenenge Sokran gayae gaul pol ketokane koyok wong sugih. Wedok'e jenenge Mintuk sising seneng dandanan menor lan senengenane karo wong lanang sing akeh diute. Pas arek loro mau ketemu waktu podo-podo ngenteni jam tayang biskop, Mintuk kesengsem karo pacakane Sokran.

Mintuk : "Mas kerja nang endi?"

Sokran : "Aku wiraswasta dewe, cuma nduwe hotel bintang 4 lan 5 nang Jakarta karo Bali..."

Mintuk : "(Wow...Konglomerat iki rek!)... Nek oleh eroh, manggon nang endi mas?"
...
Sokran : "Nang daerah PTC kono lho, Kawasan Graha Family.."

Mintuk : "(Wow kereenn... Komplek omahe wong sugih) Pasti gede omahe yo mas...?"

Sokran : "Biasa ae kok... cuma 3000 m2..."

Mintuk : "(Wah, wah, wah) Pasti mobile yo akeh yo...?"

Sokran : "Mobilku titik..Cuma onok Ferrari, Jaguar, Mercedes, BMW,  karo Mazda..."

Mintuk : "(Wah, yo iki cowok idamanku!!) Mas wes nduwe bojo...?"

Sokran : "Hmm...Karena kesibukan, dadi sampek saiki sik durung nduwe.. hehehe.."

Mintuk : "(Pasti enak iki nek dadi bojone...) Mas ngudut??"

Sokran : "Gak seneng aku ngudut...rokok iku gak apik gawe kesehatan..."

Mintuk : "(Wah cowok sehat iki!) Mas seneng mendem gak?"

Sokran : "Ngerokok wae gak doyan, opo meneh mendem..."

Mintuk : "(Byuuh... mantep!!) Mas seneng maen judi??"

Sokran : "Yo gak lah, lapo golek duit angel kok di gawe main judi"

Mintuk : "(OoOhh...So sweett...) Opo mas seneng dugem wonge??"

Sokran : "Dugem iku ngono gak apik."

Mintuk : "(Iihh...sholeh temenan cowok iki!) Mas wes pernah munggah kaji?"

Sokran : "Wes...cuma 3x karo umroh paling 6x..."

Mintuk : "(Subhanallah...calon surgawi rek...) Hobi sampean opo sih mas?"

Sokran : "Hobiku.... mbujuk'i wong"

Cewek : " @&*$#.,"

* Langsung ae si mintuk mlengos karo ngeluyur ninggalno Sokran dewean *
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati