Ketinggalan Sepur


Mari ngeterno anake jeragane, Limbadi oleh tugas maneh seko kaji Imron. Limbadi dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji Imron.
"Pak .....duwek rong juta iki dikekno sopo" ? Takok Limbadi.
"nggone bulikku ndek Semarang" jare Pak kaji
"sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur" jare Limbadi maneh
"Ojo kuatir ..... ngkok tak kongkon Karis ngancani awakmu sampek stasion sepur" jare Pak Kaji.

Menene wong loro budal numpak speda montor nang stasiun sepur.
"Sepure sek suwe ris .....ayok ngopi karo rokokan desek" jare Limbadi.
Akhire Limbadi karo Karis ngobrol karo guyon cekikikan ndek warung kopi. Saking asyike guyon wong loro mau gak ngerti lek sepure kate budal
Pas suorone sepur muni banter teett...tetttt ... arek loro mau kuaget.

Mari mbayar kopi arek loro terus mblayu nututi sepur. Karis mblayune luwih cepet dadi sik isok mencolot mlebu nang sepur. Limbadi ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut .. wis .. ketinggalan
Gak suwe Limbadi terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha ..ha ...
Wong sing ndelok ..Limbadi ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono sing ngiro arek gendeng.

Satpame ndelok Limbadi koyok ngono gak mentolo .. dipikir saking sedihe
terus dilampiasno ngguyu "hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu kekel opo' o? jare satpame.
Sing kate lungo iku sakjane aku .... Sing numpak sepur kok malah sing
ngeterno aku ...wkawkakwkakwkka
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati