Minimarket


Wak Karis lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing. Pas katene mbayar, Karis ditakoni Limbadi.
"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing. Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare Limbadi, kasire.
Wak Karis gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik Limbadi.
"Iki kucingku " jare jare Wak Karis ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.

Sisuke Wak Karis teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Limbadi.
"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare Limbadi, kasire.
Wak Karis gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Limbadi.
"Iki asuku " jare Wak Karis ambek mbayar biskuit balung gawe asune.

Sisuke Wak Karis teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.
"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Limbadi.
"Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wak Karis.

Pertama Limbadi rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wak Karis akhire Limbadi kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.
Limbadi misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek?"
"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ?" jare Wak Karis karo ngguyu nyekekek.
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati