Lawang Wesi


Mbah Gimo lagek pertama kali iki nglencer nang TP ambek anak bojone.
Jenenge wong ndesit, Mbah Gimo ambek anak jenenge Pairi karo bojone gumun ndhelok sembarang kalir sing onok nang TP.
Tapi Mbah Gimo sak keluarga iku paling gumun ambek lawang wesi krumkruman sing isok buka tutup dhewe, opo maneh isok muni.. mak tiing !

”Bes, opo iku jenenge . . .” takok Pairi anake Mbah Gimo pas ndhelok
lawang wesi iku.
”Aku yo gak weruh pisan nak . . .sak umur-umur lagek pisan iki onok
lawang wesi koyok ngene.” jare Mbah Gimo.

Akhire Mbah Gimo sak keluarga ndoprok nang ngarepe lawang wesi iku ngematno ambek ngowo ndomblong. Moro-moro onok wong wedhok tuwek sak pantaran bojone Mbah Gimo
mencet tombol lawang wesi iku mau. Mari ngono lawang wesine mbukak, terus wong wedhok tuwek iku mau mlebu nang ruangan cilik, terus pintune nutup maneh. Mari muni ting ! . . ., terus onok ongko siji murup, loro, telu sampek papat mendeg.

Gak sui ongko papat murup maneh, terus telu, loro sampek siji mandeg. Pas lawang wesine mbukak maneh, Mbah Gimo ambek anake kuaget tibake sing metu iku arek wedhok ABG ayu semlohe. Mbah Gimo bingung ambek kemlecer ngematno arek wedhok iku.

Mari mikir dhiluk, Mbah Gimo mbengok nang anake, ”Ri...ri... !. . Ndhang
cepetan Makmu lebokno kono . .”
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati