Lali Dalan


Isuk-isuk Mbah Gimo wis mruput mancal becak golek penumpang. Mari ngono oleh penumpang cewek uayu ambune wangi rambute teles mari kramas, Mbah Gimo sueneng poll.
“Arep nang endhi Ning ?” jare Mbah Gimo.
“Nang slompretan mbah . .” jare ceweke.
“Waduh gak weruh aku nggone ning . .” jare Mbah Gimo.
“Wis mbah pokoke sampeyan mancal ae nurut komandoku . .” jare ceweke.
“Oke Ning . . ” jare Mbah Gimo ambek mbukak terpal becake, karepe ben iso ngrasakno mambu wangi rambute cewek iku.

“Kiri mbah . .” Mbah Gimo nurut menggok kiwo.
“Kanan mbah . .” Mbah Gimo nurut menggok kanan.
“Kanan maneh . .” Mbah Gimo nurut.
“Kiri .” “Kanan . .” “Kenceng ae mbah ..” “Kanan maneh . .terus kiri “
Mbah Gimo nurut ae sing penting iso ndelok gegere ceweke ayu iku.

“Wis stop kene ae Mbah !!” moro-moro ceweke mbengok ambek ngekeki dhuwik limang ewu.
Mbah Gimo nuangis mbrebes mili.
“Lho opoko mbah, kurang tah, iki lho tak tambahi maneh .” jare ceweke ambek ngekeki dhuwik sepuluh ewu.
Mbah Gimo sik nuangis ae.
“Sepurane yo mbah, sik kurang tah, iki lho tak tambahi maneh . .” jare ceweke ambek ngekeki dhuwik seket ewu.
Mbah Gimo sik nuangis ae.

“Waduh mbah sampeyan njaluk piro ? Age ngomongo.” ceweke bingung.
“Ning aku nuangis gak perkoro dhuwike kurang . .” jare Mbah Gimo.
“Lho opoko mbah ?” jare ceweke.
“Aku lali dalane mulih . . .”
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati