Warisan Limolas Juta


Mbah Gimo lungo nang Tretes mampir nang Wisma Rindu Malam. Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing bubulen. Mbah Gimo disambut ambet Mamane wisma.

"Aku pingin pethuk ambek Mintuk" jare Mbah Gimo.
"Mbah, Mintuk iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang. Sampeyan mesti gak cukup dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo . . ." jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Mintuk." Mbah Gimo mekso.

Akhire Mamane ngongkon Mintuk metu seko petarangan, tibake areke pancen uayu tenan..
"Mbah, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking ?" takok Mintuk.
Gathik kakean cangkem, Mbah Gimo ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta. Mari ngono, Mbah Gimo digandeng Mintuk munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Mbah Gimo minggat.

Sisuke Mbah Gimo teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku.
"Aku pingin pethuk ambek Mintuk" jare Mbah Gimo.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking Mintuk, taripe pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Mintuk" Mbah Gimo mekso maneh. Wong mulai kasak-kusuk ngrasani mbah Mbah Gimo.

Akhire Mamane nyeluk Mintuk.
"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet limang juta sekali booking ?" takok Mintuk.
Gathik kakean cangkem, Mbah Gimo ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Mbah Gimo minggat.

Sisuke maneh, Mbah Gimo teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam.
"Aku pingin pethuk ambek Mintuk" jare Mbah Gimo.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking ping pindho, taripe Mintuk pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Mintuk," jare Mbah Gimo. Wong tambah rame kasak-kusuk ngrasani, tapi mbah Mbah Gimo cuek ae.

Akhire Mamane nyeluk Mintuk.
"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek tarifku pancet limang juta sekali booking ?" takok Mintuk.
Gathik kakean cangkem, Mbah Gimo ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena.

Bareng wis mari, Mintuk penasaran ambek Mbah Gimo.
"Mbah, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku lansung ping telu. Seko ndheso endhi sampeyan Mbah ?" takok Mintuk.
"Aku seko Sepanjang" jare Mbah Gimo.
"Lho iyo tah !!, aku ndhuwe dulur nang Sepanjang pisan." jare Mintuk kaget.
"Wis weruh aku. Bapakmu mati sak wulan kepungkur. Mbakyumu nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggolek awakmu kanggo nyerahno dhuwik warisan limolas juta . . ."
"Lha terus endi dhuwike, Mbah?" takon Minthuk tambah penasaran.
"Ngene lho... aku mrene iki arep ngekekno dhuwik warisanmu, lha kok tambah mbok servis, yo lumayan gawe tombo kesel" jare Mbah Gimo karo pringas-pringis.
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati