Stasiun


Mbah Gimo teko nang stasiun Gubeng, pethukan ambek Brudin dhodholan es.

“Din, sepur nang jakarta wis liwat tah?” takok Mbah Gimo.

“Wah telat sampeyan mbah, wis budhal jam pitu mau . .” jare Brudin.

“Lek sepur nang banyuwangi wis liwat tah durung ..? takok Mbah Gimo.

“Lho sik tas ae Mbah, kiro-kiro sepulung menit kepungkur . .” jare Brudin.

“Lek sepur sing nang semarang wis liwat tah durung . .?” takok Mbah Gimo.

“Oooh lek iku mengko awan jam rolas budhale. Sik tah Mbah, ben sepur sampeyan takokno !! Sampeyan iku sakjane arep nang endhi ? ” Brudin bingung.

“Arep nyabrang . .”
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati