Putus Cinta


Togog ambek Mintuk wis oleh nem wulan iki sir-siran.

Ben malem minggu Togog apel terus ngejak ngelencer, muesra pol pokoke.

Lek goncengan tangane Mintuk nyabuk nang pinggange Togog.

Malem minggu iki Togog apel koyok biasane.

Tapi Togog gak ngiro lek iki tiba’e apel sing terakhir, soale Mintuk njaluk putus.

"Cak rasane aku wis gak cocok maneh ambek sampeyan . ." jare Mintuk.

Masio dirayu-rayu, Mintuk tetep ae njaluk putus, Togog langsung lemes pamitan mulih.

Pas arep mulih, Togog nyaut kaos putih sing semampir nang kursi.

"Kaosmu tak pek gawe kenang-kenangan" jare Togog.

"Lho ojok cak, iku kaos kotor mari digawe . ." jare Mintuk.

Omongane Mintuk gak dirungokno, Togog langsung nyengklak bronpit bablas mulih.



Mari putus, Togog malih koyok wong liwung. Mangan gak enak, turu opo maneh.

Masio kuecut pol, ambek Togog kaose disimpen nang ngisore bantal.

Ben ndhino awane wengi Togog mbrebes mili ambek ngambungi kaose mbayangno masa-masa indah.

Sampek seminggu Togog gak metu kamar blas, sampek ibu’e kuatir.

Mari oleh seminggu moro-moro ibu’e Togog nggedor lawange Togog, jarene ono tilpun seko Mintuk.

Togog langsung deg-degan mlayu metu kamar nyaut telpune.

"Halo . ." jare Togog ndredeg.

"Iki Cak Togog ta ? . ." jare Mintuk.

"Iyo dik, aku wis ngiro lek akhire awakmu bakal nilpun aku, kuangen pol aku dik . . ." jare Togog sik ndredeg.

"Iyo Cak, bapakku ben ndhino yo nakokno sampeyan terus " jare Mintuk.

"Iyo tah, waduh aku gak ngiro lek bapakmu sampek sak mono perhatiane ambek aku, opo jare bapakmu ? " takok Togog.

"Bapakku ngamuk-ngamuk njaluk kaose dibalekno . ."
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati