Pikun


Sore-sore Mbah Gimo nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe. Gak sui Togog liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni.

"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Togog.
"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Mbah Gimo ambek nangis.

"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Togog mulai bingung.
"Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Mbah Gimo.

"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Togog tambah bingung.
"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Mbah Gimo maneh.

"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Togog wis gak sabar meneh.
"Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . ."
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati