Mbecak Bule


Bosen ngemis, saiki Togog mbecak. Be’e hasile luwih akeh pikire. Pas mancal ambek tingak-tinguk golek penumpang, moro-moro ono turis bule nyeluk.

“Come …please . . .” jarene bule ambek ngawe becake Togog.
“Kamplis… ??? . . .wah salah, sing bener iku Klampis mister..cedhake jalan Mletho kono lho . . .” jare Togog.

“Pardon me..??” bulene bingung.
“Parmi ..?? oalah Parmi tah ? iyo weruh aku omahe.” jare Togog ambek ngguya ngguyu.

“What ??!!” bulene sik bingung.
“Kuat ??? . ..yo kuat rek, masio wis tuwek tapi sik tahes iki . .” jare Togog ambek mantuk mantuk.

“Lets go !! . .” jarene bule mantuk-mantuk pisan.
“Pekgo !! . .wok kemalan rek !! wong ngomong limang ewu ae athik boso mandarin barang. Oke Mister !!” jare Togog.

Mari bulene munggah, Togog langsung nyengklak becake. Bareng wis mlebu Klampis gang buntu, Togog langsung bengok-bengok. “Diiinnn !!! Bruuuudiinnnn !!!! Ono wong bule nggoleki bojomuuuuu .!!!!”
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati