Bis Kota


Markun numpak bis kota Joyoboyo Pasarturi, penumpange uakeh dhesek-dhesekan. Sampek daerah pasar kembang Mbah Gimo munggah.

”Lho mbah, jange nang endhi ?” Markun nyopo.
“Nang pasar turi jange tuku klambi.” jare Mbah Gimo.

“Longgo kene lho mbah” Markun ngadhek ambek nawakno kursine nang Mbah Gimo.
“Wis gak usah !! Kon longgo ae !!.” jare Mbah Gimo.
Markun wis kadung ngadhek malih longgo maneh.

“Longgo kene lho mbah” Markun ngadhek maneh nawakno kursine.
“Wis gak usah !! Kon longgo ae !!.” jare Mbah Gimo.
Markun wis kadung ngadhek malih longgo maneh.

“Longgo kene lho mbah” Markun ngadhek pisan maneh nawakno kursine.
Mbah Gimo mulai nesu bolak-balik ditawari longgo.
“Wis tak warah kon longgo ae !!. Tak akoni kon pancen apikan tapi masio wis tuwek awakku sik kuat ngadhek !!” jare Mbah Gimo.

Markun nesu pisan.
“Mbah, aku nawakno longgo iku dhudhuk mergo apikan. Aku iki jange mudhun, tapi bolak-balik sampeyan kongkon longgo maneh. Saiki selak omahku kebablasen…”
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati