Balas Dendam


Mbah Gimo mlaku mlaku nang TP ijenan katene mejeng, dandane mbois gak gelem kalah ambek ABG. Pas katene mulih dhadhak dirampok nang parkiran. Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari kampesan thok. Mbah Gimo ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.
Mbah Gimo nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok. Mbah Gimo janji mbayar taksine nang omah.

Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong blas malah ngilokno.
"Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! "jare supir taksine nang ngarepe wongakeh.

Mbah Gimo loro atine di isin-isin koyok ngono. Mbah Gimo akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran. Cumak yo ngono, Mbah Gimo dendam pol nang supir taksi iku mau, pokoke ditengeri wonge lemu ireng kopiahan. Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Mbah Gimo.

Minggu ngarepe, Mbah Gimo dulin nang TP ijenan maneh. Mari wis tuwuk dulin, akhire Mbah Gimo mulih. Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang. Mbah Gimo sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, katene balas dendam. Diurut mulai sing paling ngarep, Mbah Gimo nakoni supir taksine sithok-sithok.

"Cak, nang Sepanjang piro" takok Mbah Gimo.
"Biasa mbah, borongan ae seket ewu" jare supir taksine.
"Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?" takok Mbah Gimo maneh.
"Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah. Masio elek, aku iki wong lanang normal mbah,goleko sing liyane ae !" jare supir taksi iku ambek misuh-misuh tersinggung.

Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh-misuh gak karuan, tapi Mbah Gimo cuek ae. Sampek taksi sing paling mburi, akhire Mbah Gimo ketemu supir taksi lemu ireng kopiahan sing digoleki. Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Mbah Gimo.

"Cak, nang Sepanjang piro?" Mbah Gimo aksi takok.
"Biasa ae mbah, seket ewu. " jare supir taksine.
"Yo wis, ayok ndhang budhal." Mbah Gimo langsung numpak terus budhal, Mbah Gimo sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.

Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon konco-koncone sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Mbah Gimo dadah-dadah nang supir-supir taksi iku, mesam-mesem ambek ngomong "Eenaaak teennaann . . ."
Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh gilo kudhu mukok, batine, "Kok gelem markun disodomi, karo wong kewut pisan".
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati