Bakso Spanyol


Togog ngelencer nang Spanyol kepingin ndelok matador.
Mari mlaku-mlaku, wetenge luwe terus mampir nang restoran.
Mergo menune kuabeh nganggo bahasa Spanyol, Togog malih bingung.

Akhire Togog takok nang pelayane opo menu sing paling special.
Ambek pelayane Togog ditawari bakso spanyol, Togog setuju.

Pas panganane teko, tibake penthol bakso mek loro dihias godhong tales.
Mergo luwe, penthol loro iku diunthal sak emplokan, tibake bakso spanyol yo enak pisan pikire.

Mari mangan, Togog takok nang pelayane "Daging opo iku mau, kok enak baksone?"

Pelayane ngomong lek iku ngono "bijine" sapi sing matek kalah tarung ambek matador.

Pertama Togog kudhu muntah pas krungu, tapi mergo enak yo wis gak opo-opo.
Cumak Togog kuaget pas mbayar tibake regone luarang, untunge sangune nang kesak sik cukup.

Sisuke Togog teko maneh nang restoran iku maneh katene pesen bakso special koyok wingi.
Mergo nggondhok, sak durunge budhal, Togog nyeblek jangkrik terus disak’i.
Pas panganane teko, tibak’e penthole saiki rodhok cilik. Gak opo-opo wis, sing penting enak.
Mari mangan, Togog ngetokno jangkrik ambek bengok-bengok.

"Aku gak gelem mbayar, lha mosok baksone onok jangkrik’e" jare Togog.

Pelayane akhire ngalah, Togog gak perlu mbayar. Togog sueneng akale berhasil.

Pas katene mulih, Togog protes maneh nang pelayane opo’o kok penthole saiki rodho cilik gak koyok wingi.

Pelayane cerito lek dino iki sing kalah matadore.
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati