Mancing Got


Sore-sore mari udhan, Wak Karis mancing nang got cilik ndhik ngarepe warunge
Mbok Ten. Ambek rokokan klobhot, Wak Karis ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wak Karis. Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng yo onok sing cuek ae.

Gak sui Cak Aswin teko katene andhok pisan. Bareng ndhelok Wak Karis koyok ngono
langsung gak mentolo.
"Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok kawatir. " jare Cak Aswin.
Pertama Wak Karis isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge," jare Cak Aswin.

Mari mangan warek, Cak Aswin ngejak Wak Karis ngobrol.
"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwake ?" takok Cak Aswin.
"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak uwen-uwen. "
jare Wak Karis.
"Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?" jare Cak Aswin gak percoyo.
"Awakmu sing ke limo . . ." jare Wak Karis karo cengar-cengir. Cak Aswin langsung ngibrit purik.
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati