Cewek Spesial


Wak Aswin moro-moro dadi WSD (Wong Sugih Dadakan). Maklum tambak terinne sing ombo lagi panen, terus regone yo dukur nggarai untunge gak karuan.
Mari panen tambak, wak Aswin kepingin mlaku-mlaku nang ibukota Jakarta. Kanggo digawe konco, wak Aswin ngejak batur kesayangane si Narno.

Pas tutuk nang Jakarta, wak Aswin karo pembantune nginem nang hotel bintang limo. Wayah isuk wektune sarapan, biasa wong pinggiran gak ngerti blas daftar menu sing di cepakno karo hotel. Wedi nek salah panganan, akhire wak Aswin nyeluk bature Narno gawe tuku panganan nang njobo.

wak Aswin : “Hei Narno… Aku kepingin mangan sego goreng…”
Narno : “Siap ndoro…”
wak Aswin : “Eh… ojok lali, sing spesial yo...”
Narno : “Spesial niku kados pundi seh ndoro?”
wak Aswin : “Spesial iku artine onok endog'e rong biji.”

Si Narno langsung plencing nggolekno panganan pesenan ndorone, "sego goreng spesial" nggawe ndog loro.

Pas jam mangan awan, perut wak Aswin pating kemeruyuk tanda lapar dan dia memanggil pembantunya lagi.

wak Aswin : “Narno, awan-awan ngene iki enake mangan mi goreng. Tolong tukokno yo, ojok lali sing spesial.”
Narno : “Beres ndoro... spesial ndamel tigan kalih kan?”
wak Aswin : "Suiiipp, tambah pinter wae awakmu iki."

Si Narno langsung plencing nukokno pesanan ndorone, "mi goreng spesial" nggawe ndog loro.

Pas wayah bengi krono AC hotel ademe gak ketulutungan, giliran ‘pistol gombyok’ wak Aswin ing njaluk jatah. Terus nyeluk maneh bature sing setia si Narno.

wak Aswin : Narno bengi iki aku kepingin "ehem-ehem", coba golekno aku cewek yo. Ojok lali, golekno sing spesial…”
Narno : “Siap ndoro… kulo padosaken”

Si Narno langsung plencing nggolek pesenan ndorone. Dasare gak ngerti Jakarta, Narno muter-muter diterno tukang ojek. Akhire dek'e isok nemokno pesenan ndorone.

wak Aswin senange gak ketulungan ndelok Narno nggawakno pesenane. Pas wayahe arep "eng-ing-eng" karo cewek mau, moro-moro wak Aswin berak-berok karo girap-girap

wak Aswin : “Hei Narno, mrene koen !!… Kurang ajar awakmu !!! kupingmu mbok deleh nang endi?!?! Aku lak ngongkon awakmu nggolekno cewek sing "spesial", olaopo awakmu kok golek bencong ??!!”

Narno : “Lho kan sesuai kalian pesanan ndoro ingkang spesial.. pake telor"
wak Aswin : Waaaaaa.... &%*$#)!~+$%&*
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati