Angon Wedus


Togog pethuk Mbah Gimo lagi angon wedhus.
“Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Togog
“Yo lumayan ” jare si Mbah

“Pira kabehe, Mbah ?” takon Togog maneh
“Sing putih opo sing ireng ?”

“Sing putih, wis”
“Selawe”‘

“Wik, cik akehe. Lha sing ireng?’”
“Podho…” jare Mbah Gimo ambek ngarit suket

Togog takon maneh.
“Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
“Yo..”

“Pirang kilo mangane sakdino ?”
“Sing putih opo sing ireng ?”

‘Sing ireng, wis’
“Yo kiro-kiro limang kiloan”

“Lha sing putih?”
“Podho . . .”

( Togog bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae )

“Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?” Togog mulai rodok mangkel.
“Ngene lho, sing putih iku wehusku…” jare Mbah Gimo.

“Lha sing ireng ?”
“Podho . . .”
These icons link to social bookmarking sites where readers can share and discover new web pages.
  • Facebook
  • Twitter
  • Google
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Mixx
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati